Saben dina mung nyawang lintang
Ngiwi-iwi katon cumlorot uyak-uyakan
Langite tansah padang
Katon sumilak ing ngawang-awang
Abyore lintang lan rembulan tansah nyawiji
Anggonku memuji marang Gusti ora bisa lali
Aku iki mung manungsa tanpa tata krama
Bisaku mung ngadang lakune dalan
Lan mbendung derese kali
Ora krasa atiku nadyan salah lakuku
Ing wengi iki aku tansah memuji
Mugawa antuka pangaksami
Duh Gusti bejane awak mami,
#05Oktober2015