Ing ratri kang tanpo cahyo rembulan
Tresna tansah nyawiji ing sajroning ati
Upomo tawang wus ilang kartikane
Aku tansah setya nyebarake winih sorot netramu
Supaya bisa hamadangi wengiku kang renyep tanpa slira
Muga winihku dadi tuladha asrihing kesuma
Kang arume hangambar wangi ing Taman Sari
Arum kang ngusung esemu kang sepet bebasan madu
Upama ilango gandane tansah bisa kalingan dening wewayangmu
Kamis, 22 September 2016
Renyep
Selasa, 13 September 2016
Pangling
Wus telung windu lawase nora ketemu
Duh slira kesuma ayu
Nadyan wus luntur cahyamu dening dawane wektu
Panglinga ingsun marang candramu
Tan bisa sirna swaramu ing rujinting kalbu
Milang-miling ingsun hanandang bingung
Pangiraku wus nate slira nrenyuhke atiku
Ngantiya dikaya ngapa
Sun meksa nora pangling
Kesuma endah kang hangambar wangi
Mugiya tansah eling
Marang ingsun kang setyo tuhu hangenteni
Nadyan mbalela slira marang sulistyaning janji
Kasmaran slira dening liyaning ati
Langganan:
Komentar (Atom)