Harya suman kang nitis manungsa
Nyebar mawa
Abang mbranang kemecer
Angadang lakuku
Ngobong jiwaku kang wus bungah
Ngambyarake gegayuhan kang wus cemantel ing awang
Rusake raga mung sedela
Rusake ati saklawase
Sumingkira
Minggat saka ambane jagat