Selasa, 18 April 2017

Aku Wanita

Salah apa awak mami
Asihku mung dadi awu kang kumleyang tanpa aran
Eluhku ngabar tanpa aruming sekar melathi

Tanpa daya 
Aku mung tansah bisa ngeronce impen
Pasrah raga lan ati marang kahanan sepi
Tanpa wibawa
Tanpa kuwasa

Duh gusti
Wus sayah ati iki nrimo kahanan
Mbisu,ngrenyep,tanpa ana wicara kang dianggep
Urip kaiket marang nora adile adat

Wus wancine ingsun nglanglang jagad
Hanjajah segara nadyan tanpa gagahing raga
Aruming sekar kudu bisawa sumebar ing awang- awang

Tanpa ampuhing pulanggeni
Impenku wus tak ronce rina lan wengi
Bebasan angkasa runtuh
Impen iki tansah Teguh, kukuh, tanpa eluh

Aku wanita
Srikandi kang tanpa gendewa
Kunthi kang tanpa adityaredhaya
Drupadi kang tanpa agni suci

Kartini....