Minggu, 11 Oktober 2015

Datan Bisa Tresna

Hangrasa rasane ati
Tan bisa aku mandeg ing lakuku
Iki wes adoh saka uripku
Aku mung bisa anyawang wewayangmu
Nganti rabisa kanggoku sumelak saka cahyamu
Tansah katon suminar pasuryanmu
Iku tansah gumantil ing netraku
Duh kusuma sekaring ati
Coba mesema sak eseman wae
Esemu tansah nyepet madu
Krasa manis hananging kebak dening rasa nggresula
Aku datan bisa adoh saka telase lakumu
Aku ana mburimu datan bisa ketara
Nadyan ana sekar arum kang tansah sliramu puji
Aku datan bisa ngedangi
Aku iki mung manungsa kang ora bisa sliramu tresnani
Aku mung bisa ngalah lan ngelus dada
Nalika netes waspamu
Lan nora ana papan sesambatan
Aku ana lan setya angrungokake weluhmu

#12Oktober2015