Atine judek
Pikiran mbededek
Neng sirah budrek
Neng awak gembrebek
Ambegan mundak ampek
Kahanan katon sumpek
Saktenane urip iki opo mandek
Kok yo tak roso mung gojak-gajek
Duh Gusti Kang Maha Kuwaos
Mugio tansah maos
Pikiran kula kang arep mbledos
Awak kula kang tansah gembrobyos
Jerite ati iki setyo kemletos
Uripku kang soyo atos
Menawa Gusti mboten siyos
Ngijabah sambat kang ceplas-ceplos
Atur kula nadyan katon boros
Ananging puji ratau mbolos