Anggonku lumaku durung nate sliramu
Wes koyo-koyowo lemah iki ambyar saknalika
Wes krungu gegere atiku iki kepengin nate ketemu
Sliramu,
Sing katon sumilak kemriyak ing angkasa asmara
Bebasan segara madu anggelar ing sak ngarepe mata
Ananging kahanan katon ra nduwe daya
Adoh yen kadulu
Nanging caket jroning ati
Rindu iki durung bisa luntur
Ora gugur bebasan gunung merapi lebur
Duh lae,
Aku setya ngenteni
Anganti wanci kang durung keliwati