Kamis, 22 September 2016

Renyep

Ing ratri kang tanpo cahyo rembulan
Tresna tansah nyawiji ing sajroning ati
Upomo tawang wus ilang kartikane
Aku tansah setya nyebarake winih sorot netramu
Supaya bisa hamadangi wengiku kang renyep tanpa slira
Muga winihku dadi tuladha asrihing kesuma
Kang arume hangambar wangi ing Taman Sari
Arum kang ngusung esemu kang sepet bebasan madu
Upama ilango gandane tansah bisa kalingan dening wewayangmu