Selasa, 22 September 2015

Nganti-anti

Godhong mlanding
Luminting ijo ing sakngisore pring
Tangeh lamun aku gumun
Ngenteni embun bakal tumurun
Ing pinggiring kali aku nyawang
Nyawang mlanding kang tansah semi
Godhonge tansah ra nguwati
Ati iki mung sawiji ngrasani
Ngarasa adem ing suwene wengi
Hawane anggeget lathi
Ing kulit iki anggawe risi
Aku tansah angenteni
Nganti embun tumurun ing jroning ati